SANEPAN
01. Abang dluwang (putih/pucet banget)
02. Abot kapuk (entheng banget)
03. Abot merang sagedheng (entheng banget)
04. Agal glepung (lumer banget)
05. Aji godhong garíng (ora ono ajine)
06. Amba godhong kelor (ciyut banget)
06. Anteng kitiran (polah ora karuwan)
07. Arang kranjang (kerep banget)
08. Arang wulu kucing (akeh/kerep banget)
09. Arum jamban (bangęr banget)
10. Atos debog (empuk banget)
11. Banter keyong (alon banget)
12. Bening leri (butheg banget)
13. Benjo tampah (bunder banget)
14. Brintík linggis (lurus/kaku banget)
15. Dhuwur kencur (endhek banget)
16. Gedhe gurem (cilik banget)
17. Jero tapak meri (cethek banget)
18. Kandel kulit bawang (tipís banget)
19. Kedhep tesmak (jinggleng/mentheleng)
20. Kuning silit kwali (ireng banget)
21. Kuru semangka (lęmu banget)
22. Landhep dhengkul (kethul banget)
23. Legi bratawali (pait banget)
24. Lemes pikulan (kaku banget)
25. Lonjong mimis (mlayu)(banter banget)
26. Pait madu (legi banget)
27. Peret beton (lunyu banget)
28. Resik peceren (reged banget)
29. Rindhik asu digitik (cepet banget)
30. Suwe banyu sinaring (cepet banget)
31. Suwe mijet wohing ranti (cepet banget)